Deskripsi
Sinopsis Truntum
Panjaluke Murtaji supaya nemoni Bangun, nggeret Layung ngumbara menyang Kasultanan Mataram kang nembe wae sinigar dening Palihan Nagari.
Tanpa dinyana, pangumbaran iku nggawa dheweke tumuju sawijining wewadi gedhe kang puluhan taun disingidake dening wong-wong sakiwa tengene. Klebu wewadi ngenani samubarang kang njalari dheweke dilungakake saka Imogiri.
Pungkasane, sakabeh wewadi kang kawiyak nggandheng Layung menyang pangumbaran anyar ing donya kang tanpa ana watese.
***
“Novel Truntum orang mung dhapur karya fiksi. Truntum mujudake rekaman etnografi ngenani bathik. Bathik sing kasinungan getih lan jiwa, saengga katon rempit nanging nengsemake.” Dr. Sucipto Hadi Purnomo, Universitas Negeri Semarang
“Kaya wong kang ambathik, ing novel TRUNTUM iki Siti Aminah pancen wasis lan patitis nglowong crita-critane banjur ngiseni kanthi permati tliti lan ngati-ati, kawusana dadi TRUNTUM kang milangoni.” Krishna Mihardja, sastrawan
—-
Di mana beli buku ini?
- Pesan melalui CS Stiletto (WA: 0881-2731-411)
- Beli melalui marketplace:
✅✅ Tokopedia: penerbitstiletto
✅✅ Shopee: Penerbit_StilettoBook - Versi digital (ebook-nya) bisa didapatkan di Google Play Book (keyword: Stiletto Book).
Buku terbitan Stiletto Indie Book merupakan buku Pre Order yang hanya dijual online dan buku pesanan akan dicetak setelah pembeli melakukan konfirmasi pembayaran dengan waktu cetak kurang lebih 10 hari kerja.
Ulasan
Belum ada ulasan.